Janji sik! Ojok ngguyu, yo!
Pulus nemui dokter spesialis kelamin. Jarene “dok, aku ono masalah, tapi sampeyan mesti janji gak ngguyu yo.”
"Tenang. Aku janji gak ngguyu. Iku kan melanggar sumpah kedokteranku.” Jawab doktere.
Pulus langsung mlorotno kathok'e. Manuk'e ternyata cuilik cuk! Mik sa pensil staedler 2B. Kethok barang samono, doktere gak kuat nahan ngguyu. Dhe'e ngguyu nganti ke pingkel pingkel gulung koming nang ngisor. Kira kira limang menit, baru dhe'e iso ngendalino emosine. “Sorry cak. Aku kelepasan. Aku janji gak bakal koyok ngono maneh. Nah, masalah sampeyan opo?”
Pulus omong dengan nada sedih: “Manukku wis telung dino iki abuh koyok ngene…..”
---
guyonan iki mbuh disaut teko endi